Wayang punika nggadahi teges ingkang
manéka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang punika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning
jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang punika cekakan saking tembung “WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanèsipun
nyebutaken bilih wayang punika cekakan saking tembung “WAHANANE HYANG” Tembung Wahana tegesipun
panggènan, déné tembung Hyang tegesipun
Gusthi ingkang hakarya jagad.
Babon cariyos wayang punika miturut
sujarahipun saking Negara India, inggih punika saking cariyos Ramayana saha
Mahabharata. Cariyos Ramayana ingkang basa sankretanipun Rāmâyaṇa saking tembung Rāma
dalah Ayaṇa ingkang tegesipun Lampahing Rama. Cariyos punika
dipunanggit déning Walmiki (Valmiki)
utawi Balmiki. Déné cariyos Mahabharata ingkang dipunanggit déning Begawan Byasa atau Vyasa,
cariyos punika wosipun ngèngingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara
Astina. Ananging cariyos Ramayana saha Mahabharata punika rikala ing tlatah
Jawa lajeng kagubah malih déning para winasis, pramila punika wonten beda-beda
antawisipun cariyos Ramayana saha Mahabharata ingkang saking India kaliyan
ingkang wonten ing Jawa. Déné wayang piyambak miturut sumber ingkang wonten,
minangka kabudayan asli Jawa ingkang sampun wonten sadèrèngipun cariyos
Ramayana saha Mahabharata mlebet ing Jawa.
Gèsèr gumantining jaman salajengipun
sumbering cariyos wayang boten namung saking Mahabahrata saha Ramayana,
ananging ugi wonten babon cariyos wayang sanèsipun kadosdéné cariyos Panji, cariyos
seta, cariyos saking Timur tengah lsp. Beda-bedaning babon cariyos wayang
punika amargi ngrembakaning donya pagelaran wayang. Pramila punika jininsing
wayang boten namung wayang Walulang utawi golèk nanging sansaya kathah.
Tuladhanipun wonten wayang bèbèr, wayang kancil, wayang pothehi lsp.
Dipuntingali saking
bahan ingkang dipunagem kanggé ndamel wayang, wayang kapérang dados
pinten-pinten jinis, antawisipun inggih punika Wayang Bèbèr, Wayang Golèk,
Wayang Suket, Wayang Gethuk, Wayang Klithik, Wayang Kulit.
A. JINIS-JINISING
WAYANG
1. Wayang
bèbèr
Inggih punika wayang ingkang
dipuntontonaken kanthi migunakaken mori ingkang dipunsungging lajeng
dipunbèbèr, bilih sampun paripurna lajeng dipungulung malih. Wayang punika
salah satunggalipun nyariosaken lelampahanipun Jaka Kembang Kuning kaliyan Dèwi
Sekartaji.
2. Wayang
Purwa
a. Wayang
Thengul
Inggih punika Wayang ingkang kadamel saking
kajeng (kawangun wong/boneka). Wayang Thengul adatipun mendhet lampahan (crita)
Wayang Menak (Amir Hamzah).
b. Wayang
Purwa Gedhog (Wasana)
Inggih punika Wayang ingkang kadamel saking
kulit (lulang). Wayang Gedhog (Wasana) adatipun mendhet lampahan (crita) Radèn
Panji Inu Kertapati lan Dèwi Sekartaji.
c.
Wayang kulit purwa
Ringgit ingkang
dipundamel saking lulang (kulit kewan ternak kadosdéné Lembu, mahesa utawi
Menda), nyariyosaken lampahan Mahabharata saha Ramayana.
d. Wayang Golèk Menak Yogyakarta
· Wayang Ménak inggih punika wayang ingkang cariyosipun adhedhasar
lakon ménak. Wayang ménak adatipun nganggé wayang golèk (wayang golèk ménak),
nanging ugi wonten ingkang nganggé
wayang kulit. Sapérangan tiyang uga
mastani wayang thengul.
· Wayang
golèk ménak inggih punika wayang ingkang dipunparingi sandhangan kadosdéné
wayang kulit purwa, inggih punika kanthi nganggé jamang, kuluk, sumping,
saha sapanunggalanipun. Gandhèng
cariyosipun mendhet seking cariyos ménak ingkang aslinipun saking Persia,
pramila paraga wayangipun kadosdéné tiyang
Arab, inggih punika nganggém jubah.
e.
Wayang Krucil
Inggih punika Wayang ingkang kadamel saking
kulit (lulang) alit-alit (kawangun tanganipun wudhar setunggal, tangan
setunggalipun malangkrik). Wayang Krucil adatipun mendhet laampahan (cariyos)
Babad (kados kethoprak)
f.
Wayang Kulit Betawi/ Tambun
· Wayang Betawi utawa wayang
Tambun inggih punika wayang kulit khas Betawi ingkang sumebar ing tlatah
Jakarta, Tangerang, Bogor saha Bekasi. Para ahli sejarah nginten bilih
wontenipun wayang punika kawiwitan nalika Sultan Agung nggebag perang Jakarta.
Gamelan ingkang dipunginaaken kadosdéné wayang kulit Banyumas kadosdéné gambang
saha calung. Ing babagan tembang, sabetan, saha lakon wayang kulit betawi
kadosdéné wayang golèk Sundha. Lelagon khas Betawi ugi saged mlebet kanthi saé. Lumrahipun
ngginakaken basa Betawi ingkang égalitèr, caturan ing antawisipun para paraga
wayang boten nganggo tatakrama kadosdéné basa Jawa. Urut-urutanipun jejer ugi
saged dipunwolak-walik. Pagelaran saged dipunwiwiti kanthi gara-gara. Ingkang
dados ciri wancinipun inggih punika caturan ing antaranipun dhalang kaliyan
para pamirsa kadosdéné ing lenong.
g. Wayang wong
wayang ingkang dipunparagaken déning tiyang
kanthi njogèd sarta dipungameli. Wayang Wong adatipun mendhet lakon cariyos
Ramayana saha Mahabharata.
3. Wayang Madya
Inggih punika
Wayang ingkang kadamel saking kulit (lulang). Wayang Madya adatipun kapendhet
saking lampahan utawi cariyos Mahabharata (mendhet lampahan Parikesit saha
turun-turunanipun, kadosdéné Yudayana, Gendrayana, Sudarsana dumugi Jayabaya).
Wayang Madya nate kondhang nalika jaman Kraton Demak saha Pajang.
4. Wayang Gedhog / Klitik
Inggih punika wayang ingkang kadamel saking
kajeng gèpèng. Wayang Klithik adatipun mendhet lampahan utawi cariyos
Damarwulan.
5. Wayang ménak
Inggih punika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka).
Wayang Ménak limrahipun mendhet lampahan
utawa cariyos dhakwah agama Islam (mendhet lampahan Wong Agung Jayèngrana,
Umarmaya saha Umarmadi).
6. Wayang Modern
a. Wayang Wahana
Inggih punika wayang ingkang kadamel saking
kulit utawi lulang saha kawangun tiyang. Wayang Wahana adatipun mendhet
lampahan utawa cariyos kahanan gesang sapunika.
b. Wayang
Kancil
Inggih punika Wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang. Wayang
Kancil adatipun mendhet lampahan utawi cariyos kancil.
c.
Wayang Wahyu
Inggih punika Wayang ingkang kadamel saking
kulit utawi lulang saha kawangun tiyang. Wayang Wahyu adatipun mendhet lampahan utawi cariyos Pawartos Injil
(Piwulang Agama Kristen lan Khatolik).
d. Wayang
suluh (Pancasila)
Inggih
punika wayang ingkang kadamel saking kulit atawi lulang saha kawangun tiyang.
Wayang Suluh adatipun mendhet lampahan cariyos gesanging tiyang ing
sabendintenipun.
e. Wayang
Dongèng
Wayang dongèng
punika boten namung kanggé lare alit, naging ugi para wiranem, saha tiyang
sepuh. Wayang dongèng ing mriki migunakakén paraga awujud kéwan.
Paraga kéwan ing mriki dipunparingi jeneng miturut jenising kéwan kasebut.
Pagelaran Wayang Dongèng diiringi gendinging gamelan saha lelagon dolanan
lare. Pentas wayang dongèng boten wonten paugeran utawi pathokanipun kadosdéné
pagelaran wayang kulit. ing wayang dongèng kathah ngrembag babagan lingkungan
saha sosial. Wayang dongèng, kejawi dadi tontonan ugi saged dados
tuntunan.
f.
Wayang potèhi
Inggih
punika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka nanging
wujudipun alit-alit). Wayang Potèhi adatipun mendhet lampahan/ cariyos Babad
Cina (Kraton Tar-Tar).
g. Wayang
Jemblung
Inggih
punika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka). Wayang
Jemblung adatipun mendhet lampahan utawi cariyos Babad (kados déné kethoprak).
Wayang Jemblung sumebar wonten ing tlatah Pesisir Ler Jawa (Blora, Cepu
saha Bonjonegara).
Ubarampe salebeting pagelaran wayang purwa punika
antawisipun;
v Layar/Geber/kelir
Kelir
kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit
utawi cemeng. panjangipun 12 meter,
wiyaripun 1.5 – 2 meter.
v Bléncong
Suluh (cara
kinanipun) deles kapuk lenga klentik.
Nanging sapunika bléncong dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).
v Wayang
/ ringgit wacucal
Piranti
baken ingkang kadamel saking lulang titatah saha sinungging utawi ginambar manut lakonipun.
v Cempurit
piranti ingkang kanggé nggapit wayang
kadamel saking sungu mahesa.
v Simpingan kiwa saha tengen
Wayang
ingkang tinancepaken ing gedebog jejer -
jejer minangka paes. Ingkang siring tengen Brataséna (wayang ageng ) ngantos
dumugi satriyan ( wayang ingkang alit ).
Ingkang siring kiwa Buta
Raton ngantos dumugi wayang alitan.
v Kothak
wadhah wayang
Kothak
kadamel saking kajeng ;
panjang : 190 cm / 170
cm
Wiyar : 85 cm / 85 cm
Kandel : 12- 15 cm /12 cm
v Cempala
asta ( saking kajeng )
Kajeng binubut
èndah dawanipun
udakawis 1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.
v Cempala
suku
Wesi
gligen binubut èndah dawanipun
1/2 kilan ( jengkal ) jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk keprak.
v Keprak (
saking tosan )
v Niyaga saha Pesindhèn
Tukang
nabuh gamelan cacahipun wonten 12 – 15 tiyang utawi langkung ndhèrèk
kabetahanipun. Pesindhen / waranggana
ingkang nglaras tetembangan.
v Gamelan
Gamelan
ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang kanggé ngiring lampahanipun
ringgit. Wondéné gamelan punika wonten
kalih warnanipun;
a.
Gamelan Slendro
b.
Gamelan Pelog
Bu Inga , sae sanget seratanipun hehehehehe
BalasHapus