Sesorah utawa tanggap wacana inggih
punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang
dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken saé saha
remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé kaandharaken nalika
sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu. Wonten ing ngriki kawastanan sekawan
wa setunggal ba. Gamblangipun sekawan wa satunggal ba inggih punika:
1. Wicara/basa
Basa kedah
dipunpilih ingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara,
sarta suwasana. Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi
tiyang sanès. Prayogi ngginakaken tembung-tembung saha ukara ingkang prasaja.
Basa ingkang boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah
mujudaken basa ingkang laras sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapipun kedah
cetha. Umpaminipun anggènipun ngucap a, i, u, è, ê, é, o saha saged mbédakaken
pangucap antawisipun ta saha tha, da
saha dha.
2. Wirasa
Wirasa
tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saèstu punapa ingkang
dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. Boten ngemungaken apalan
tanpa mangertosi tegesipun. Kanthi mangertosi saèstu punapa ingkang
dipunandharaken badhé mahanani wedaling wicara saged lancar saha kapireng
prasaja.
3. Wirama
Wirama
tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih punika lirih soranipun,
alon cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasi-nipun
swanten. Nalika sesorah kedah mbudidaya sampun ngantos kados tiyang maos utawi
apalan.
4. Wiraga
Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ébahipun sarira
kaliyan punapa ingkang nembé dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun
mantep, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu, asta ngapurancang, nanging tetep
luwes saha boten kaku.
5. Busana
Busana
tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan suasana sarta acara
ingkang nembé lumampah.
Wonten
pamanggih sanès ingkang mratèlakaken babagan sangunipun tiyang ingkang badhé
sesorah. Tumrapipun tiyang ingkang badhé sesorah prayogi manawi nindakaken
ingkang kawastanan SAPTAMA, inggih
punika:
1. Magatra.
Nggladhi
dhateng bleger; wewujudan, anggènipun ngadi busana saha ngadi sarira trep,
pantes saha jangkep.
2. Malaksana
Nggladhi
cara-caranipun anggènipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha
tinata runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih.
3. Mawastha
Nggladhi
anggènipun jumeneng. Anggènipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong
mangiwa punapa déné manengen. Antawisipun suku kanan saha kéring boten pareng
keciyuten utawi kewiyaren.
4. Maraga
Anteng,
boten gumeter. Ébah éwahing pasemon saha sarira kedah jumbuh kaliyan isining
sesorah.
5. Malagawa
Trampil
saha trengginas. Boten ngleler ugi boten kesesa-sesa.
6. Matanggap
Tanggap
dhateng sadaya swasana.
7. Mawwat
Tatag
tangguh tanggon tanggung jawab praptèng ngendhon. Tanggel jawab dhateng sadaya
ingkang sampun kangendikakaken.
Tiyang ingkang badhé sesorah prayogi
sanget manawi ngginakaken cecepengan ingkang kacekak TOP, inggih punika:
T
|
à
|
Titèn (
saben wonten adicara/upacara, purun nggatosaken). Boten remen tampikan, lajeng purun mbiji punika
saé sasa botenipun)
|
O
|
à
|
Opèn manawi
ningali sesorah lajeng dipuncathet, manawi manggihaken tembung-tembung
ingkang karaosaken menjila.
|
P
|
à
|
Panèn
dipuntata dados ukara saha cecawis ingkang prasaja nanging tetep murakabi.
|
v Ingkang kedah dipunsingkiri sampun ngantos nggadhahi raos:
1.
Rikuh, isinan, manawi dipundhawuhi lajeng plenthot-plenthot,
pawadan boten gadhah klambi,
dedegipun kirang pas, malah nawakaken tiyang sanès.
2.
Kéguh, gampil kénging godha, lajeng grogi, amargi wonten sedhèrèkipun,
wonten pangingggilipun, ajrih manawi dipungegujeng, lsp.
3.
Jiguh, tiyang ingkang gampil gugupan, usag-useg, kados tiyang
ingkang boten siyaga ing gati, mlampah
mrika-mriki ngantos umpetan.
v Tiyang
sesorah, temtu nggadhahi ancas ingkang gumathok. Miturut ancasipun sesorah
saged kagolongaken:
1. Wursitawara, ular – ular, , wasita wara, tetembungan kanggé mastani
sesorah ingkang ancas saha isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, saha
sapiturutipun.
2. Sesorah saha medhar sabda, tetembungan punika kanggé
mastani ingkang sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang
kathah.
3. Atur pambagyaharja, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang
ancas saha isinipun nampi rawuhipun para tamu.
4. Tanggap Wacana, tetembungan
kanggé mastani sesorah ingkang ancas saha isinipun nanggapi aturing
pambagyaharja.
5. Atur pawartos, umpaminipun
sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp.
6. Atur panglipur, umpamanipun ing
adicara sripah, atur saking pambéla sungkawa, sesorah ing ngajengipun tiyang
ingkang nembé nampi musibah bebendu alam, lsp.
7. Pangajak, umpaminipun:
sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah punika kanggé nuwuhaken kapitadosan
pamiarsa dhumateng punapa ingkang dipunandharaken saha kanthi iklas nindakaken
punapa ingkang sampun dipunmangertosi.
8. Saged ugi
pinten-pinten ancas ing nginggil punika dipuncakup wonten ing satunggaling
sesorah.
v Tata
caraning (metode) sesorah saged
katindakaken kanthi manéka warna, ing antawisipun:
1.
Kanthi maos naskah,
Sesorah
ingkang kanthi maos naskah punika
nggadhahi kekirangan utawi cacad, inggih punika badhé ketingal kaku, boten
luwes. Awit ingkang
sesorah namung tansah ningali dhateng naskah
ingkang kawaos.
2.
Kanthi cara apalan
Cara
punika asring katindakaken déning tiyang
ingkang nembé sinau/ gladhèn sesorah, inggih punika kanthi nyawisaken naskah (teks) rumiyin lajeng
dipunapalaken.
3. Kanthi
cara Impromptu
Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang sampun kulina
sesorah saha sampun baud anggènipun
sesorah. Cara punika boten nyawisaken materi
ingkang badhé
kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh saha
pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi saé.
4.
Kanthi cara ekstemporan
Cara punika
tiyang ingkang badhé sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhé
dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau
lajeng dipunngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak.
Samadyaning
bebrayan ageng wonten
kalanipun kula saha panjenengan kasuwun paring atur pangandikan wonten
ngarsanipun tiyang kathah, saged punika wonten adicara arisan RT, pèngetan
dinten kamardhikan, upacara pawiwahan. Lsp.
Yektosipun
sintena kémawon saged dados minangka paraga ingkang ngandharaken sesorah, ing
ngadhap punika sakpérangan sarat manawi badhé paring pangandikan lumantar
sesorah Jawi ;
1.
Pirsa
babagan undha – usuk basa, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan
wonten ngarsaning tiyang kathah wajib mangertos saha pirsa undha – usuk basa,
satemah saged ngginakaken basa ingkang trep saha jumbuh kaliyan kawontenan
ingkang lumampah.
2.
Pirsa
babagan ayahaning adicara, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan
wonten ngarsaning tiyang kathah kedah mangertos saha pirsa ayahaning adicara,
tegesipun mangertos adicara punapa ingkang saweg lumampah.
3.
Pirsa
babagan ulah kridaning swara, tegesipun anggènipun ngendikan membat mentuling swara
dipunwigatisaken.
4.
Pirsa
babagan swasana, tegesipun rikala utawi nalika ngendikan sageda tansah
tumuju wonten ngarsanipun para lenggah saha sageda tanggap ing sasmitha lantip
ing panggraita kanthi mirsani sasmitha samadyaning para lenggah.
5.
Pirsa
babagan ngadi salira, ngédi busana, tegesipun magertos saha saged njumbuhaken
tumraping pangageming busana, satemah saged jumbuh kaliyan kawontenan ingkang
lumampah.
Maraga
salebeting sesorah boten namung kedah nguwaosi bab – bab ingkang kaandharaken
ing nginggil kalawau, nanging ugi wonten sakpérangan bab ingkang dipunawisi
tumraping sintena ingkang nedya nglampahi maraga sesorah kadosta :
1.
Manawi anggènipun maraga sesorah mawi catetan utawi
seratan, soroting nétra boten namung tumuju dhumateng catetan kémawon, nanging
sageda warata dhumateng para ingkang sami lenggah.
2.
Manawi anggènipun maraga sesorah boten mawi catetan utawi
seratan, dipunsingkiri utawi dipunawisi tetembungan “eeee” salebeting ngendika.
3.
Manawi microphone
utawi mic wonten stand mic –ipun, prayoginipun asta kekalih ngapurancang.
4.
Manawi mic dipunasta,
asta tengen ingkang nyepeng mic,
wondéné asta ingkang kiwa kaparingaken sakngajengipun padharan, boten
dipunlebetaken salebeting sak celana.
Basa
ingkang kaginakaken salebeting sesorah adat ingkang sampun – sampun ngginakaken
basa Krama Inggil, punapadéné basa éndah basa ingkang rinengga, tetembungan –
tetembungan Krama – Inggil binawur kaliyan tetembungan basa Kawi. Basa Kawi
ingkang asring kaginakaken antawisipun :
·
Surya, tegesipun srengèngè. Nanging tembung surya ing
ngriki kaginakaken kagem nyuraos teges tanggalan salebeting taun Masèhi ; Surya kaping 12
Juli 2010
·
Candra, tegesipun rembulan, nanging tembung candra ing
ngriki kaginakaken kagem nyuraos teges tanggalan salebeting taun Jawi ; Candra kaping 4
Sapar 1943 Dal windu Kuntara.
·
Pracima, tegesipun kilèn ; Wanci Nuswantara
imbang pracima.
·
Purwa, tegesipun kawitan utawi kéblat wétan.
·
Uttara, utawi utara tegesipun lèr.
·
Daksina, tegesipun kidul.
·
Madya, tegesipun tengah.
·
Wasana. Tegesipun pungkasan.
·
Lebda, tegesipun mumpuni ing sabarang kawruh.
·
Pana, tegesipun mangertos ing saliring perkawis.
·
Poyan, tegesipun maringi pitutur.
·
Mangastuti, tegesipun tansah maringi panjurung donga.
·
Ri, tegesipun ing.
v Sakpérangan
panganggèning asung pakurmatan.
Asung pakurmatan salebeting sesorah basa Jawi, mliginipun ing purwaning
pangandikan punika, setunggal – saha setunggalipun kedah kajumbuhaken murwat
kaliyan kalenggahaning para ingkang lenggah ;
1.
Tumraping para kasepuhan, utawi sesepuh, asung pakurmatan
ingkang kaginakaken ;
Wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang tuhu
kinabekten, ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur, ingkang tansah
sinandhing kitab suci kalaming Ilahi ingkang tansah mangastuti dhumateng
pepoyaning kautaman.
2.
Tumraping para pangarsatama instansi, asung pakurmatan
ingkang kaginakaken ;
Wonten ngarsanipun para nayaka praja, satriyaning nagari,
tuwin para pangemban pangembating praja kinarya sonsong agunging para kawula
dasih ingkang tuhu pantes tinulad sinudarsana.
3.
Tumraping para kadang ingkang sami kalenggahanipun, asung
pakurmatan ingkang kaginakaken ;
Wonten ngarsanipun para kadang tumaruna, kadang
manggalaning karya ingkang tansah tinangsul talining kekadangan.
4.
Tumraping sedaya para tamu, asung pakurmatan ingkang
kaginakaken ;
Sanggyaning para ingkang sami lenggah kakung sumawana
putri ingkang tansah sinugata sagunging pakurmatan.
0 comments: