Unggah-ungguh
inggih punika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Unggah-ungguh
ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning
basa adhedhasar anggènipun ngginakaken). Tiyang ingkang
badhé ngetrapaken unggah-ungguh boten badhé uwal
saking tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap
nalika sesambetan (komunikasi) dhateng sinten kemawon.
Supados
satunggaling tiyang anggènipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun
kedah nggatosaken:
1.
Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang
gineman)
2.
Sinten ingkang dipunajak gineman.
3.
Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
4.
Wekdalipun rikala gineman
5.
Papanipun rikala gineman
6.
Swasana rikala gineman.
v Manut unggah – ungguh
jaman rumiyin, undha usuk basa kapantha kados ing ngandhap punika :
I
|
bs[zo[ko
|
[zo[kolugu
|
|
[zo[koalus
|
annÒÃbs
|
||
bsanÒÃ
|
|||
II
|
BsmfY
|
mfY[zo[ko
mfYk]m
mfYnTr
|
|
III
|
bsk]m[fs
|
||
IV
|
bsk]m
|
mudk]m
k]mnTr
w}dk]m
|
|
V
|
bsk]ma-gil\
|
||
VI
|
bsb[g=ozn\
|
bskd[ton\
|
v
Ing jaman sapunika sampun kathah para sarjananing basa kagungan penggalihan
ngringkes unggah-ungguh basa namung dados kalih pérangan,
inggih punika :
I
|
bs[zo[ko
|
[zo[kolugu
|
[zo[koalus\
|
||
II
|
bsk]m
|
k]mlugu
|
k]malus\
|
v Basa Ngoko Lugu
Wujudipun
sedaya ngginakaken tembung ngoko, boten wonten tembung kramanipun. Ginanipun
kanggé gineman:
1.
Tiyang sepuh dhateng ingkang kaprenah enèm
(putranipun, wayahipun, muridipun punapa déné dhateng laré anèm sanèsipun).
2.
Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran ingkang sampun
kulina sanget, tuladhanipun laré kaliyan kancanipun.
3.
Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun
juragan dhateng baturipun.
4.
Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).
Tuladhanipun Ngoko Lugu ; Ginemanipun laré kaliyan kancanipun :
avJni
|
?pus\aku[bo[koaj/rigrpPnMtemtikwizik[a,akuwizikuwifuru=[d=o.
|
pusP
|
?y[g[n,[kokBis[aor[d=o,ajaj[ko[w[aoa=g[tkK[k.
|
v Basa Ngoko Alus
Titikanipun basa
ngoko alus
1.
Tembungipun ngoko kacampur tembung krama. Ingkang
dipunkramakaken inggih punika peranganipun badan/salira ingkang dipunajak
gineman utawi tiyang ingkang dipungunem; lan agemanipun/sandhanganipun tiyang
ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
2.
Tembung kriyanipun (kata
kerjanya) tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem.
3.
Tembung aku tetep boten èwah.
4.
Tembung kowé èwah
dados panjenengan utawi sliramu
(panjenengan manawi ingkang
dipunajak gineman wau tiyang sepuh; sliramu
manawi ingkang dipunajak gineman wau langkung enèm.
5.
Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko.
6.
Basa punika kaginakaken dening tiyang ingkang sampun supeket (akrab)
nanging tasih nggadhahi raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman,
umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut damel ing kantor, sesaminipun
kanca sekolah, lsp.
Tuladhanipun
Ngoko Alus.
Ginemanipun
satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.
suk]
|
:
?pk>[bo,pvJen_znKiwisDa/apfuru=.
|
x[bo
|
:
?akut,aLyfuru=,pvJen_znWisDa/.
|
v Basa Krama Lugu
Ginanipun kanggé
gineman :
1.
Dhateng sesamining kanca ingkang dèrèng raket
supeket (akrab).
2.
Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enèm,
ananging ingkang dipunajak gineman wau sinaosa enèm
nanging wajib kinurmatan.
3.
Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan (drajat pangkat)
Inggil dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun wau
yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
4.
Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang
dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib
kinurmatan.
Tuladhanipun
Krama Lugu.
Ginemanipun
Pak Ketua RT dhateng para wiranèm ing parepatan (pepanggihan wiranèm)
?aDikHdikSefykula-z]ikiztur[kpnuwunDt_s[mPy[nF[nsmPunPu
runF|gia-pp=gihanPunik.
|
v Basa Krama Alus:
Ginanipun kanggé
gineman :
1.
Tiyang ingkang gineman dèrèng
tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, saha ingkang dipunajak gineman wau
ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat Alus.
2.
Tiyang ingkang gineman langkung enèm
yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, saha ingkang dipunajak gineman
wajib kinurmatan.
3.
Tiyang ingkang gineman langkung cendhak
drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak
gineman wajib kinurmatan.
Tuladhanipun
Krama Alus.
Ginemanipun
wayah(putu) dhateng éyangipun :
wis×
|
?k[fosPunFi[ay=,punNpsmPunD=znPunNp[f[r=.
|
[ay=
|
?rs[n[kokF|ru=,mnutPnmumupi[y[l.
|
wis×
|
?mkte[nKm[wo[nHy=,k[fosPunFimnwi[ay=kul[d[rkKkenTinFkDt_pusKesMs\,
|
v Cak-cakanipun Unggah-ungguh basa Jawa ing Sekolah
1.
Ngginakaken basa krama alus, ingkang kedah kinurmatan
kanthi basa krama alus inggih punika manawi matur dhateng ;
a.
Bapak ibu guru,
b.
Karyawan, satpam, bapak ibu kantin,
c.
Dhayoh saking njawi,
2.
Ngginakaken basa ngoko alus, basa ngoko alus saged
kaginakaken dhateng kakang utawi mbakyu kelas ;
3.
Ngginakaken basa ngoko, basa ngoko saged kaginakaken
dhateng kanca sekelas utawi adhi kelasipun.
v Undha – usuk basa Jawa ing bebrayan ageng (masarakat)
Kados ingkang sampun kasebat nginggil punika, ing bebrayan ageng kedahipun
dipunkulinakaken ngginakaken basa krama
alus, awit bab punika saged damel resep tiyang ingkang kaajak guneman. Basa
krama alus sipatipun luwes, dados ingkang baken samadyaning bebrayan ageng
manawi pinanggih kaliyan tiyang ingkang dèrèng tepang, punapadéné tiyang
langkung sepuh basa krama alus punika saged dipuncakaken.
0 comments: