GEGURITAN
Geguritan
menika saking tembung gurit ingkang
tegesipun seratan. Geguritan menika salah satunggaling asil kabudayan Jawi
modern. Sinten kemawon saged ndamel geguritan. Nganggit geguritan menika saged
ngandharaken pengalaman pribadi utawi gambaran kawontenan ing masarakat, utawi
pagesanganipun tiyang ing alam donya miturut jamanipun.
Geguritan wujudipun langkung mardika tinimbang tembang. Nganggit
geguritan boten prelu ngginakaken paugeran ingkang gumathok kados wonten ing
tembang, pramila geguritan saged dipunwastani puisi bebas.
Ingkang
kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika :
1.
Wicara :
pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.
2.
Wirama :
minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
3.
Wirasa :
ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
Wiraga :
ekspresi /patrap (sikep, obahipun
badan, lan pasemon (rai).
Latihan Nulis Geguritan
Geguritan
iku wujud puisi Jawa modhern kang tembung-tembunge singkat, mentes, bisa
nggunakake purwakanthi, nanging ora nganggo paugeran metrum kaya dene geguritan.
Miturut Endraswara (2003: 224-229), amrih bisa nulis puisi/geguritan kanthi
becik, bisa migunakake enem (6) laku minangka tuntunan mekarake kreativitas,
yaiku :
1.
Nglatih tanggap sasmita, yaiku nglatih ‘kepekaan diri’ kang bisa katindakake kanthi seneng nggatekake
kahanan sakiwa-tengene, seneng mbandhingake kahanan, lan sapiturute.
2.
Nangkep ilham, ilham ing kene bisa ditegesi cahya kang bisa
3.
Ngetokake tembung pisanan minangka tembung kang bisa nuntun
tembung-tembung sateruse. Satembung mau bisa didawakae kanthi menehi pitakonan
apa, sapa, piye, kapan, lan ing papan ngendi. Kanthi mangkono satembng mau bisa
nglairake embrio-embrio kang bisa ditulis sauger isih komprehensif, koheren, lan kohesif.
4.
Ngolah tembung, bisa katindakake kanthi nyusun
tembung-tembung kang kawetu saka ilham mau.
5.
Menehi vitamin ing tembung-tembung mau. Yen tembung-tembung
mau karasa durung wangun lan durung pas, bisa diwenehi kagunan basa ‘the art of literature’ (purwakanthi,
wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lsp)
6.
Nyeleksi tembung bisa katindakake kanthi mikirke sapa kang
bakal maca/konumen, kaya ngapa kang
dibayangke, sabanjure bisa nngganti tembung-tembung kang kurang mathis mu
sadurunge dibundhel utawa rampung. Kanthi mengkono, kaajab bisa tuwuh geguritan
kang prasaja nanging mentes isine lan narik kawigaten dening pawongan kang
maca.
Nalika
nulis geguritan bisa kabiji saka :
1.
Runtute tembung lan ide,
prayoga menawa ana estetika (purwakanthi, wangsalan, parikan, lsp)
2.
Logika lan kreativitas kang ngemot makna.
3.
Ing saben larik ana gayutan makna karo irah-irahane.
Amrih geguritn dadi becik, ana sauntara cara sing bisa
ditindakake, yaiku (1) nemokake gagasan/idhe luwih dhisik (‘momen puitk’ utawa
bab sing endah lan nabet ati); (2) nyelarasaken antarane wujud lan isine
geguritan (ana gayutane sing endah lan laras antarane wosing-rembug karo carane
mbablasake wosing-rembug; (3) mujudake geguritan sing cetha ancase (dudu
guritan sing jelas kekarepane) lumantar ceplesig anggone mbabar; (4) ngatonake
dayane pribadhi penggurit lan bias nuduhake asli reriptane; (5) bids nuduhake
yen riptane iku unik (beda karo liyane); (6) bias njembarake wawasane sing
padha maca tumrap gumelaring urip ing madyaning jagad (gawe pepadhang muring padha gelem mikir prakara becik).
0 comments: